Senin, 07 Juli 2014

MATERI IMPLEMENTASI KURIKULUM 2013

Kagem Bapak/Ibu Guru Basa Jawa Kutha Surabaya ingkang ngersakaken MATERI PELATIHAN IMPLEMENTASI KURIKULUM 2013, ingkang dipunlampahi dhateng SMP Praja Mukti Surabaya wiwit dinten Senin Pahing, Selasa Pon, lan Kemis Kliwon, tanggal 7, 8, lan, 10 Juli 2014, dipunaturi download dhateng link Download MATERI PELATIHAN IMPLEMENTASI KURIKULUM 2013 punika.

Mugya asilipun pelatihan punika sageda nambahi kawruh Bapak/Ibu Guru sedaya anggenipun maringi piwulang Basa Jawa dhumateng para siswa sahengga saged ndadosaken sangu anggenipun nglampahi urip kanthi jiwa Jawa ingkang adi luhung. Aamiin Allahumma Aamiin..