Rabu, 16 April 2014

HASIL WORKSHOP NEMBANG MACAPAT 14 APRIL 2014

Puji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun paring rahmat lan hidayah sahengga adicara Workshop Nembang Macapat saged dipunlampahi kanthi lancar. Agunging panuwun dipunaturaken dhumateng Bapak Drs. FY. Darmono Saputro, M.Si ingkang sampun paring kawruh dhumateng babagan nembang macapat. Ugi kagem anggota ingkang sampun rawuh dhumateng adicara punika, dipunaturi agunging panuwun. Mugya adicara punika sageda nambahi kawruh, manfaat, lan barakah kagem para pandherek workshop lan mliginipun kagem anggota MGMP Basa Jawa. Aamiinn.. Aamiinn.. Ya Rabbal 'Alamiinn..

Kagem Bapak/Ibu Guru Anggota MGMP Basa Jawa Kutha Surabaya ingkang ngersakaken rekaman swantenipun Bapak Drs. FY. Darmono Saputro, M.Si ngenani tembang macapat ingkang badhe dipunlombakaken, dipunaturi download dhateng link Rekaman Tembang Macapat punika.

Sasampunipun Bapak/Ibu download file punika, dipunaturi kagem meng-extract file kanthi cara klik kanan dhumateng file ingkang sampun dipundownload (wav.rar) --> pilih Extract Here --> pilih Yes.

Wilujeng midhangetaken..